Tips

Boyolali - Perangkat Mengajar - Teks Pidato Ihwal Berbakti Kepada Kedua Orang Bau Tanah Bahasa Jawa

Pada kesempatan kali ini kami akan menawarkan warta wacana '' Teks Pidato wacana Berbakti Kepada Kedua Orang Tua Bahasa Jawa ".  Bagi anda yang ketika ini sedang mencari tumpuan atau pola teks pidato dengan tema birrul walidain, ini dapat kalian jadikan tumpuan materi persiapan sebelum melaksanakan pidato.

Berbakti kepada kedua orang renta menjadi keharusan bagi setiap anak, terutama ibu. Ibu yang telah mengandung selama kurang lebih 9 bulan, sebagaimana yang telah di sabdakan oleh nabi muhammad saw, ada sobat yang bertanya : siapa yang harus di hormati pertama kali kanjeng nabi ? Ibumu. Lalu siapa lagi ? Ibumu. Lalu siapa lagi ya rosulullah ? Ibumu. Lalu siapa lagi ? ayahmu.

Pada kesempatan kali ini kami akan menawarkan warta wacana  Boyolali - Perangkat Mengajar -  Teks Pidato wacana Berbakti Kepada Kedua Orang Tua Bahasa Jawa

Berikut Contoh Teks Pidato wacana Berbakti Kepada Kedua Orang Tua Bahasa Jawa ( Birrul Walidaini ) / Ngabekti Marang Tiyang Sepuh Kekalih :


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْإِنسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ،  أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ الْمَالِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَرْسَلَهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، وَصلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَ عَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، أَمَّا بَعْدُ
Panjenenganipun Bapak Pangarsa Sekolah Menengan Atas ...............  ingkang satuhu kinurmatan, panjenenganipun Bapak / Ibu guru ingkang kinurmatan, saha rencang-rencang kula ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin mangga sami-sami ngaturaken raos puja miwah puji syukur dhumateng Gusti Allah awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparengaken dhumateng kita, sahingga ngantos wekdal punika saged makempal ing kelas kanthi  sehat wal  afiaat

Kaping kalihipun mugi-mugi sholawat salam tansah konjuk dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan kulawarganipun, sumrambah dhumateng sobat lan ingkang nerusaken lelabetanipun. Amin, amin ya Robbal ‘alamin.

Ibu Guru lan kancaku ingkang dahat kinurmatan, ing kalodhangan siang punika kula badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan “Ngabekti Marang Tiyang Sepuh Kekalih.”
Tiyang ingkang sepisanan kita tepangi inggih punika ibu lan bapak kita.

Ingkang saben dinten ngopeni lan nglelithing kita sedaya. Kanthi kebak katresnan tansah nggula wenthah , madosaken nafkah lan sanes-sanesipun sahengga kita saged mindhak nalar kapinteranipun, mindhak diwasa, sedaya kalawahu awit “perjuangan” Bapak lan Ibu kita.

Menawi putra putrinipun nembe sakit Bapak lan Ibu punika kebingungan, muwun, mboten saged sare amargi putranipun rewel……..terus. Dipun paring mimik mboten purun,dipun paring maem mboten purun, Saking bingungipun si Ibu nggendhong putranipun kaliyan dipun tembangaken “Tak lela…….lela, lela le dhung……ndang debu anakku sing kakung, tak lela…lala, lela le dhung….yen ra debu ati ibu bingung.

Wusananipun putranipun ingkang rewel kalawau purun tilem. Mekaten tresnanipun tiyang sepuh kekalih marang kita.

Lha samenika punapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng tiyang sepuh kita ?
Ingkang kaping setunggal inggih punika matur kanthi sae. Salajengipun menawi dipun tuturi kedah dipun pirengaken, lan menawi dipun timbali kedah mangsuli.

Punapa cekap makaten?
Taksih kathah sanget ingkang saged kita aturaken dhumateng tiyang sepuh kekalih. Ingkang wigatos ampun pisan-pisan wantun dhumateng tiyang sepuh, punapa malih ngendikan ingkang mboten ngresepaken manah, nyentak-nyentak,sahingga tiyang sepuh ngantos kelara-lara, langkung- langkung Ibu.Amargi wonten hadits sampun dipun sebataken


Suwarga punika wonten ing sangandhapipun samparanipun Ibu.
Kanthi hadits punika tansah ngemutaken dhumateng kita sedaya bilih tiyang ingkang kedah kita kurmati lan tresnani inggih punika tiyang sepuh kekalih. Menawi kita mboten dipun gula wenthah dening tiyang sepuh, mesthi kita mboten saged gesang ngantos sepriki. Pramila leres ngendikanipun tiyang-tiyang sepuh jaman rumiyin “Aja wani-wani marang wong tuwa mundhak kuwalat”

Bapak tuwin Ibu guru dewan juri lan para tamu seruan ingkang kinurmatan, makaten atur kula, wonten kaladuking wicara, kiranging basa, kula tansah nyuwun agunging pangaksama.
Wusananing atur Billahi taufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb



Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel